Lirik Lagu Jomblo Hepi - Via Vallen

Lirik Lagu Jomblo Hepi - Via Vallen


Lirik Lagu Jomblo Hepi - Via Vallen


kapan aku iso nduwe pacar ngganteng lan gemati
soko akehe wong lanang ra ono sing nyantol siji
opo pancen aku di takdirke dadi jomblo abadi
urip cukup ora kurang nanging keroso sepi

jarene simbokku mikiro sekolah disek
bar mikir sekolah langsung dikon mikir kerjo
terus piye nasibe awaku
sing nganti saiki iseh dadi jomblo

rasane ngenes nek dadi jomblo
pas nyawang wong liyo sing wes nduwe bojo
arep dolan isone mung dewe
ra koyo koncone sing ngejak bojone

mubeng  mubeng muteri kutho
sopo ngerti entuk gebetan
ndelok kiwo tengen kabeh do yang yangan
atiku loro sakno tenan

kapan nduwe pacar
pacar mana pacar mana pacar mana
yang bisa membuatku bahagia

senadyan jomblo nanging kudu happy
jomblo happy jomblo happy jomblo happy
kalau jodoh nggak bakalan pergi

pas lagi ngopi
ono wong lanang nganggo klambi abang
ketok ngganteng tenan ora suwe tak jak kenalan
eh jebul bocahe ngaku isek jomblo

lha sesuke dolan neng omahe
aku mancal gas sak polle
tekan nggone malah mbrebes mili
mergo kedisikan ono sing marani

kapan nduwe pacar
pacar mana pacar mana pacar mana
yang bisa membuatku bahagia

senadyan jomblo nanging kudu happy
jomblo happy jomblo happy jomblo happy
kalau jodoh nggak bakalan pergi

bim salabim abra kadabra
aku kudu piye ben ra jomblo meneh
kabeh wes tak lakoni tanpo maen nyeleneh
tak enteni jodoku nganti aku jeleh

untung uripku iki ora kurang piknik
senajan isek jomblo aku ora panik
di gowo santai koyo neng pantai
iseh akeh konco sing marake happy

kapan nduwe pacar
pacar mana pacar mana pacar mana
yang bisa membuatku bahagia

senadyan jomblo nanging kudu happy
jomblo happy jomblo happy jomblo happy
kalau jodoh nggak bakalan pergi

No comments: